Kebakaran Hutan di Indonesia Dipicu Dening El Nino - Pawarta Bahasa Jawa - Pawarta Bahasa Jawa

Kebakaran Hutan di Indonesia Dipicu Dening El Nino - Pawarta Bahasa Jawa

Pawata Bahasa Jawa - Sutopo Purwo Nugroho Kepala Pusat Data dan Informasi BNPB ngomongke nganti Selasa esuk ana 85 titik panas utawa hotspot sing katon ing Sumatra, kesebar neng wilayah Jambi, Sumatra kidul lan pana anyar, Rengat, Pelalawan dadine nggawe jark pandang sanget kewates.

"Ancamane bisa nganti November mengko, neng Sumatra ugo Kalimantan, keluk uga cukup akeh lan wis neras sajrone seminggu, lan amarga kegawa angin uga mlebu menyang wilayah Batam lan Singapura," gamblang Sutopo.

Sutopo ngomongke kabut keluk sing kedadean neng Riau Sumatra sempet marakake tertundane pamaburan nang dina Selasa (25/08/2015), amarga jarak pandang mripat keitung kurang saka 500 meter.

Data BNPB ngaranekne ancaman kobongan alas ora mung neng alas Sumatra lan Kalimantan, nanging uga neng kawasan alas sing ana ing gunung Merbabu sing manggon neng petang kutha neng Jawa tengah lan gunung Watangan Puger neng Kabupaten Jember.

Nanging, BNPB nyebutake yen wis kasil madamke kobongan sing kedadean neng gunung Merbabu Jawa tengah.

Sawentara kuwi, Kepala BMKG kukuh Ribudiyanto nggamblangna kondisi mangsa ketiga ana Kalimantan lan Sumatra iki uga dipengaruhi saka siklon tropis kajaba El Nino sing ora separah tahun 1997 nuli.

"Iki iseh luwih parah neng tahun 1997 kepungkur, pas kuwi suhu raen segara luwih adhem neng wilayah saben banyon Indonesia lan dampake ugo luwih amba, kobongan alas iki kedadean amarga kekeringan neng Sumatra lan Kalimantan sing dipengaruhi dening El Nino kanthi fenomena siklon tropis sing ana neng lor Indonesia sekitar Filipina ketuke Kalimantan Tengah, Wetan lan Sumatra curah udan luwih ngurang amarga ana siklon tropis iki," gamblang kukuh.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel